Cara login WhatsApp neng HP

 Jaman siki, sapa sih sing ora ngerti WhatsApp? Aplikasi kie dadi salah siji alat komunikasi paling populer. Sekang ngirim pesan, telepon, video call nganti kirim gambar lan file, kabeh bisa nganggo WhatsApp. Tapine nggo wong-wong sing urung ngerti carane mlebu (login) WA, artikel iki arep ngewei carane mlebu wa sing lewih ringkes ben luwih gampang dipahami.

1. Download trus install WhatsApp neng hpmu disit ges

download wa neng playstore nek hpmu Android, tapi nek hpmu iphon bisa download neng app store.

2. Bukak Aplikasi wa mu

Sawise terinstal, bukak WhatsApp. Koe bakal disambut karo tampilan awal. Pencet Setuju lan Lanjutke kanggo nerusna.

3. Verifikasi nomor hpmu ges

Sewise, kowe diminta ngelbokna nomor HP. Pilih kode negara (+62 kanggo Indonesia), terus lebokna nomor kowe. nek wis, pencet Lanjut.

4. Isi jenengmu karo foto profil nek gelem

kowe bisa nulis jeneng lan masang foto profil ben kanca-kancamu ngerti sapa sing paling ganteng karo sing ngirim pesan. nek wis, pencet Lanjut.

5. Rampung ya ges

Siki koe wis bisa nganggo WhatsApp nggo kirim-kiriman pesan karo kanca, pacar, keluarga, pokoke sapa bae sing ko pengin.

Kaya kue carane login WhatsApp nganggo HP. Gampang banget mbokk? Kan koe wis ngerti carane, koe bisa nulungi wong lia sing durung paham. Nganggo WhatsApp siki dadi kebutuhan, apamaning nggo komunikasi cepet lan praktis. Sing penting, aja kelalen tetep bijak nganggo teknologi!

Komentar